Selasa, 14 Januari 2020

Sukur Marang Gusti Iku Wajib

      Sesorah iku tembung liya saka pidhato. Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang ditujokake marang wong akeh (masyakat/bebrayan). Akeh tembung kang maknane padha karo sesorah antara liya tanggap sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya-liyane. Sanajan tegese padha, tembung-tembung mau kudu patitis anggone ngepasake. Kudu cocok karo unggah-ungguhe.

A. Struktur teks sesorah

      Ragangan (struktur) bakune sesorah, kang nyakup 9 perangan, yaiku:

  1. Irah-irahan
  2. Salam pambuka
  3. Pakurmatan
  4. Purwaka basa utawa pambuka
  5. Wos utawa isine sesorah
  6. Andharan wose sesorah (yen perlu) 
  7. Pangarep-arep (pangajab) 
  8. Wasana basa utawa panutup
  9. Salam panutup


B. Nanggapi pokok-pokok isine teks sih sesorah

      Sesorah iku cak-cakane mung sairing, tegese kang aktip tumindak mung kang sesorah, dene kang ngrungokake ora duwe wenang liya kajaba mung nampa. Tanggapan marang isine sesorah ora bisa diwedharake langsung sabubare ngrungokake sesorah, nanging milih wektu kang ngepasi. Tata carane wong menehi penemu tumrap isine sesorah kudu nggunakake basa kang ngajeni utawa sopan. Supaya bisa nanggapi nganggo basa kang sopan para siswa kudu nggatekake sapa kang sesorah mau. Kalungguhane luwih dhuwur, sababag, utawa luwih asor tinimbang kang nanggapi. Kanthi mangkono, kang nanggapi bisa nemtokake nganggo basa ngoko, krama, utawa krama alus.

C. Nulis teks sesorah kanthi ragam basa padinan

      Kaya kang wis kaandharake ing ngarep menawa ragangan (struktur) wis gumathok, yaiku irah-irahan, salam pambuka, pakurmatan, purwaka basa utawa pambuka, wos utawa intine sesorah, andharan wose sesorah (yen perlu), pangajeng-ajeng (pangajab), wasana basa utawa panutup, lan salam panutup. Sawise nulis ragangane, banjur dimekarake nganggo basamu dhewe.

D. Maca teks sesorah kanthi nyuwara

     Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake wong liya kang nggrungokake, nula sapa wae kang maca kudu bisa ngucapake kanthi: swara kang cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kang pener. Menawa anggone maca kudu arep karo kang ngrungokake (kayata ing televisi), kajaba perkara telu mau katambah pamulad kang nyumadulur (komunikatif).

      Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kepenak, ora keseron ya ora kelirihen. Kang dikarepake kedal kang cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu jelas bedane. Swarane /d/, /dh/, /t/, /th/, /a/, /o/, /u/, lan liya-liyane kudu cetha. Unjal napas iku yen ing basa indonesia diarani tempo lan penjedaan. Tempo iku gegayutan karo alon-rindhike anggone maca, dene penjedaan iku gegayutan karo titik utawa komane anggone maca.


Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA

11 komentar: