Rabu, 15 Januari 2020

Alam Sawegung

      Geguritan iku puisi Jawa gegrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.

A. Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane

      Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki:

  1. Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni.
  2. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur menehi tandha ngaso (/) utawa sigeg (//).
  3. Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang. 
  4. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.
  5. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe. 

      Menawa cara-cara kasebut wis kolakoni, mesthi bisa kotemukake isine geguritan. Kanthi mentes, apik, endah, mengkono, para siswa banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisa setuju (sarujuk), bisa ora setuju, bisa nyengkuyung, lan bisa uga menehi panemu kang sipate kosok balen (berlawanan).

Apa Bedane
dening Sudi Yatmono

Apa bedane prosa karo puisi
bedane ana ati

apa bedane ati karo gori
bedane mung prakara bumbune
bedane apa bumbune karo sing dibumboni
bedane rak mung ana ing wadhah
apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa

lha apa bedane manungsa karo kewan
ah iku urusane Pangeran
(Mbangun Tuwuh, angka 138)

B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

      Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedhih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan karo kahanan.

C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan

      Kaya kacetha ing ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, perlu kogatekake bab-bab kaya mengkene.

  1. Ora kaiket dening aturan utawa pranata guru gatra,  guru wilangan, guru lagu, lan sapanunggale. 
  2. Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik. 
  3. Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar, lan sapanunggale). 
  4. Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir, nggresah, pamundhut, lan sapanunggale. 

Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA

Selasa, 14 Januari 2020

Sukur Marang Gusti Iku Wajib

      Sesorah iku tembung liya saka pidhato. Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang ditujokake marang wong akeh (masyakat/bebrayan). Akeh tembung kang maknane padha karo sesorah antara liya tanggap sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya-liyane. Sanajan tegese padha, tembung-tembung mau kudu patitis anggone ngepasake. Kudu cocok karo unggah-ungguhe.

A. Struktur teks sesorah

      Ragangan (struktur) bakune sesorah, kang nyakup 9 perangan, yaiku:

  1. Irah-irahan
  2. Salam pambuka
  3. Pakurmatan
  4. Purwaka basa utawa pambuka
  5. Wos utawa isine sesorah
  6. Andharan wose sesorah (yen perlu) 
  7. Pangarep-arep (pangajab) 
  8. Wasana basa utawa panutup
  9. Salam panutup


B. Nanggapi pokok-pokok isine teks sih sesorah

      Sesorah iku cak-cakane mung sairing, tegese kang aktip tumindak mung kang sesorah, dene kang ngrungokake ora duwe wenang liya kajaba mung nampa. Tanggapan marang isine sesorah ora bisa diwedharake langsung sabubare ngrungokake sesorah, nanging milih wektu kang ngepasi. Tata carane wong menehi penemu tumrap isine sesorah kudu nggunakake basa kang ngajeni utawa sopan. Supaya bisa nanggapi nganggo basa kang sopan para siswa kudu nggatekake sapa kang sesorah mau. Kalungguhane luwih dhuwur, sababag, utawa luwih asor tinimbang kang nanggapi. Kanthi mangkono, kang nanggapi bisa nemtokake nganggo basa ngoko, krama, utawa krama alus.

C. Nulis teks sesorah kanthi ragam basa padinan

      Kaya kang wis kaandharake ing ngarep menawa ragangan (struktur) wis gumathok, yaiku irah-irahan, salam pambuka, pakurmatan, purwaka basa utawa pambuka, wos utawa intine sesorah, andharan wose sesorah (yen perlu), pangajeng-ajeng (pangajab), wasana basa utawa panutup, lan salam panutup. Sawise nulis ragangane, banjur dimekarake nganggo basamu dhewe.

D. Maca teks sesorah kanthi nyuwara

     Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake wong liya kang nggrungokake, nula sapa wae kang maca kudu bisa ngucapake kanthi: swara kang cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kang pener. Menawa anggone maca kudu arep karo kang ngrungokake (kayata ing televisi), kajaba perkara telu mau katambah pamulad kang nyumadulur (komunikatif).

      Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kepenak, ora keseron ya ora kelirihen. Kang dikarepake kedal kang cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu jelas bedane. Swarane /d/, /dh/, /t/, /th/, /a/, /o/, /u/, lan liya-liyane kudu cetha. Unjal napas iku yen ing basa indonesia diarani tempo lan penjedaan. Tempo iku gegayutan karo alon-rindhike anggone maca, dene penjedaan iku gegayutan karo titik utawa komane anggone maca.


Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA

Ngawekani Akehe Informasi

      Ing jaman kemajuan wong mbutuhake informasi kang awujud pawarta utawa liyane kalebu iklan. Awit saka akehe iklan wong nganti bingung dhewe arep milih sing endi. Ana jenis iklan kang becik lan kurang becik. Tegese iklan becik iku bisa aweh pitulungan, ngenthengake bot rapote bebrayan. Dene iklan kang kurang prayoga iku iklan kayane ngentheng-ngenthengake sanggan ananging nyatane suwalike malah nekek gulu.

      Ing jaman kang sarwa modern iki iklan bisa ditemoni ing sadhengah papan panggonan. Ora mung mligi ing spanduk, pamflet, koran, ananging radio, tv, internet uga wis akeh kagunakake kanggo masang iklan. Salah sijine titikane iklan kang becik iku bisa dideleng saka basane. Basa iklan kang becik iku basa kang gampang dingerteni dening pemaos utawa pamirsa. Mula ora mokal ing Jawa iki uga akeh tinemu iklan kang migunakake basa Jawa. Ancase ora liya supaya wong kang ana ing Jawa iki bisa mangerteni kanthi gamblang isine iklan kasebut. Saliyane saka basa kang gampang dimangerteni iklan iku uga kudu cekak aos cetha lan menthes. Ora ngambra-ambra mundhak marake bingung sing maca utawa sing krungu. Mula pamilihing basa kang trep iku uga nemtokake bobote iklan. Pamilihing basa iku bisa awujud slogan kang gampang dieling-eling dening bebrayan.

A. Ngrembug teks iklan

       Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku utawa nggunakake barang kang ditawakake. Lumantar medhiane iklan iku bisa kagolong dadi loro yaiku iklan lisan lan iklan tulis. Iklan tulis bisa awujud pamflet, poster, baliho bisa uga kachitak ing ariwarti utawa kalawarti. Dene iklan lisan padatan kagiyarake lumantar medhia elektronik kayate tv lan radio.

      Titikane iklan kang becik yaiku jujur, obyektif, cetha, ringkes, tembunge prasaja, gampang dimangerteni, narik kawigaten, sopan, lan logis. Dene unsur-unsure iklan ing antarane yaiku:

  1. Jeneng barang utawa jasa kang ditawakake,
  2. Pihak utawa pawongan kang masang,
  3. Alamate sing masang,
  4. Kahanan sarta manfaat barang utawa jasa kang ditawakake.


      Basa teks iklan iku beda karo basa teks-teks liyane. Titikane basa iklan yaiku:

  1. Migunakake slogan,
  2. Ukurane persuasi utawa mbujuk wong liya,
  3. Migunakake subjek wong kapisan.


B. Nulis teks iklan

      Iklan dibutuhake supaya wong liya ngerti barang sing ditawakake. Carane nggawe iklan sing apik kudu nggantekake babagan ing ngisor iki yaiku:

  • Sing dituju kudu cetha,
  • Sing ngirim kudu cetha, 
  • Barang utawa jasa sing ditawake kudu cetha,
  • Narik kawigaten sing maca,
  • Nuwuhake rasa pengin nduweni barang sing ditawakake,
  • Bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake,
  • Nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling.

C. Carane nulis iklan

  1. Tentokna ancase iklan (nawakake barang utawa jasa). 
  2. Gawe cengkorongan kang dumadi saka unsur-unsur pawarta (jeneng barang utawa jasa, sing gawe iklan, alamat, kahanan utawa manfaat). 
  3. Ngrembakake cengkorongan dadi iklan kang wutuh, kanggo basa kang prasaja, cekak, mentes, cetha, sopan uga narik kawigaten. 

D. Nyuguhake teks iklan

      Maca teks iklan tegese menehake informasi marang wong liya. Supaya isine bisa ditampa kanthi wutuh dening pamireng, becike nggatekake babagan ing ngisor iki:
  1. Paham isine iklan. Kalebu basa, uga pangucape tembung kang rinakit ing teks iklan. 
  2. Swara sarta pangucaping tembung kudu cetha lan trep. 
  3. Menawa awujud pacelathon kudu njumbuhake karakter paraga kang digambarake. 


Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA

Pitutur Luhur ing Crita Wayang

      Wayang dumadi saka tembung "yang" utawa "hyang" antuk ater-ater wa-. Tegese roh kang biasa gawe beja cilakaning manungsa. wayang iki gegambaran watak lan jiwaning manungsa.

A. Maca lan nanggapi teks wayang

     Gatekna pethilan teks wayang ngisor iki!


Dewi Kunthi

      Miturut kitab Mahabarata, Dewi Kunthi uga sing diarani Kunthinalibranta lan Dewi Prita, yaiku kalebu putrising kepilih. Dewi Kunthi ngewujudake keturunan keluarga Yadama, putri Prabu Basukunthi, Raja ing Madura. Dewi Kunthi nduweni sedulur, yaiku Arya Basudewa, Arya Prabu Rukma, lan Arya Ugrasena.

(crita bacute bisa kawaka ing Kabeh Bisa Basa Jawa, kaca 92-94)

Shinta Kadhusta

      Pegat, apisah, Rama lan Shinta, kidang kencana tanggap ing sasmita, hangedering cancut mlajeng lumebeng wana, saya hanengah, saya tebih, denira apepisahan kalawan garwa mayangsari.

      Ngancik telenging wana, peteng ndhedhet lelimengan, ical lacaking kidang, sapandurat kumlebet katingal kidang kencana haleledhang, Rama sigra hangembat gendhewa, menthang langkap, wastra lumepas, hangener dening kidang, tumancep warangan mring hangganing kidang sangsam kencana, gumlundhung pejah kasulayah, eloking kahanan, sareng gumaludhunging kidang kapiyarsa swara dumeling, Marica hangemba-emba suwaranipun Rama, jelih-jelih asesambat mring arinta Laksmana.

(crita bacute bisa kawaka ing Kabeh Bisa Basa Jawa, kaca 95-96)

B. Nemokake tuntunan ing teks wayang

      Tuntunan ing teks wayang Dewi Kunthi, yaiku manungsa kudu bisa ngugemi janji, luwih becik menawa urip ayem tentrem nengenake paseduluran.

      Dene tuntunan ing teks wayang Shinta Kadhusta, yaiku manungsa aja gampang kapilut, kudu ngugemi janji, sarta setya.

C. Mbedhah perangane teks wayang

      Paraga Dewi Kunthi nduweni wateg kang welas asih lan tresna, semana uga wateg paraga Shinta.

D. Nulis sinopsis wayang

      Urut-urutane nulis sinopsis

  1. Maca naskah asli dhisik kanggo mangerteni kesan umum penulis.
  2. Nyathet gagasan utama kanthi nggaris ngisor gagasan-gagasan kang wigati/penting.
  3. Nulis ringkesan adhedhasar gagasan-gagasan sing wis dicathet mau, banjur tulisen nganggo ukara kang cekak, gamblang, efektif miturut crita asline.
  4. Dialog lan monolog paraga cukup ditulis isi utawa garis besare wae.
  5. Ringkesan/sinopsis cerkak ora kena mimpang saka lakune crita lan isi crita cerkak asline.


sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA

Senin, 13 Januari 2020

Sinau saka Crita

     Cerkak iku cekakan saka crita cekak. Diarani crita cekak amarga critane pancen cekak. Ora mung marga wujude kang cerkak (2-5 kaca), nanging crita utawa lakon kang diandharake ya cekak. Umume wektu kang dibutuhake kanggo maca cerkak iku mung sedhela wae.

     Crita cekak umume dumadi saka saalur wae. Tegese, prekara utawa konflik kang diadhepi dening paraga-paragane mung siji. Sanajan mangkono, masalah iku mau saya suwe saya ruwet, wusanane nganti dadi mbundhet (klimaks). Bab iku beda karo akehe prekara ing crita novel kang biasane nyritakake prekara pirang-pirang dadi siji. Kajaba prekara kang akeh mau, paraga kang dicritakake ing kono uga pirang-pirang (ora mung siji).

A. Maca lan nanggapi isine teks crita cekak lan niteni perangan-perangane

     Crita cekak iku karangan utawa riptan kang sumbere bisa saka kanyatan trus dibumboni, bisa uga murni saka kayalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Sanajan mangkono, perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita cekak adhakane padha. Perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane prekara (tema), paraga (tokoh) lan watake paraga (penokohan), lakune crita (alur/plot), kepiye pangripta anggone nyritakake (point of view), kapang lan papan kedadeane crita kasebut (seting), lan wulangan utawa tuntunan kang ditujokake marang pamaca (amanat).

     Jlentrehe, tema iku underane prekara kang dirembug kang dadi sumbere konflik. Tokoh lan penokohan iku gegayutan karo sapa wae kang dicritakake ing cerkak iku genep karo watake, Kayata: sabar, wicaksana, galak, judes, lan sapanunggale. Plot iku gegayutan karo kepriye lakune crita: alure lumrah/normal/maju utawa alur mundur/inversi. Point of view utawa sudut pandang iku kalungguhane pangripta sajrone crita. Pengarange dadi paraga utawa ('aku' ing crita) apa dadi paraga kang mung nyritakake ('dheweke' ing crita). Seting gegayutan karo papan lan wektune, crita iku kedadeane ana ngendi lan kapan kalakone. Dene amanat iku magepokan karo wulangan/tuladha/tuntunan kang dikandhut utawa diemot ing crita iku.

B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks crita cekak lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

     Amanat iku wujude gagasan utawa gagasane pangripta/pangarang kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca. Amanat-amanat iku biasane gegayutan karo niyat utawa pitutur becik, upamane bab katresnan kalebu tresna marang sasamane, tresna bangsa, tresna budaya, lan sapunggale. Saliyane iku amanat uga ana kang gegayutan karo pangibadah utawa ketuhanan (religius), setya marang negara (patriotisme), pendhidhikan, kabudayan, lan sapanunggalane. 

C. Nulis sinopsis crita cekak nggunakake ragam basa kang jumbuh/cocog karo konteks lan pranatan/aturan

     Sinopsis iku ringkesan isine crita, kalebu crita cekak. urutan lan basane sinopsis ora kudu padha karo basa ing crita. Sing baku, nalika nulis sinopsis paraga, watak, wose (intine) crita ora kena beda karo sumbere, yaiku crita kang digawe sinopsis. Nadyan mengkono, urutan anggone nulis sinopsis ora kudu padha karo urutan ing crita iku. Gampange rembug, sinopsis iku padha karo nyritakake maneh nganggo basamu dhewe.

D. Naliti sinopsis crita cekak gegayutan karo jumbuhe karo konteks lan pranata

     Naliti sinopsis ing kene mengku karep, kanca padha kanca (sameja upamane) padha bebarengan bijen-bijenan (saling menilai) sinopsis garapane. Kegiatan kaya ngene iki umume diarani njlimeti utawa menyunting. Ing kegiatan njlimeti iki kang dijlimeti/disunting bisa aksarane, rutute ukara, utawa tandha wacane. Prekara telu iku mau upama ana kang kleru ya dibenerake perangan kang kurang ditambahi, lan perangan kang keladuk ya kudu disuda. isine crita ora perlu dibenerake, amarga iku hake panganggit/pengarang kang sipate merdika (bebas) mekarake gagasan. kamerdikan sajrone ngudhal gagasan iku, ing jagade kasusastran diarani lisensia poetika.


Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA