Senin, 13 Januari 2020

Sinau saka Crita

     Cerkak iku cekakan saka crita cekak. Diarani crita cekak amarga critane pancen cekak. Ora mung marga wujude kang cerkak (2-5 kaca), nanging crita utawa lakon kang diandharake ya cekak. Umume wektu kang dibutuhake kanggo maca cerkak iku mung sedhela wae.

     Crita cekak umume dumadi saka saalur wae. Tegese, prekara utawa konflik kang diadhepi dening paraga-paragane mung siji. Sanajan mangkono, masalah iku mau saya suwe saya ruwet, wusanane nganti dadi mbundhet (klimaks). Bab iku beda karo akehe prekara ing crita novel kang biasane nyritakake prekara pirang-pirang dadi siji. Kajaba prekara kang akeh mau, paraga kang dicritakake ing kono uga pirang-pirang (ora mung siji).

A. Maca lan nanggapi isine teks crita cekak lan niteni perangan-perangane

     Crita cekak iku karangan utawa riptan kang sumbere bisa saka kanyatan trus dibumboni, bisa uga murni saka kayalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Sanajan mangkono, perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita cekak adhakane padha. Perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane prekara (tema), paraga (tokoh) lan watake paraga (penokohan), lakune crita (alur/plot), kepiye pangripta anggone nyritakake (point of view), kapang lan papan kedadeane crita kasebut (seting), lan wulangan utawa tuntunan kang ditujokake marang pamaca (amanat).

     Jlentrehe, tema iku underane prekara kang dirembug kang dadi sumbere konflik. Tokoh lan penokohan iku gegayutan karo sapa wae kang dicritakake ing cerkak iku genep karo watake, Kayata: sabar, wicaksana, galak, judes, lan sapanunggale. Plot iku gegayutan karo kepriye lakune crita: alure lumrah/normal/maju utawa alur mundur/inversi. Point of view utawa sudut pandang iku kalungguhane pangripta sajrone crita. Pengarange dadi paraga utawa ('aku' ing crita) apa dadi paraga kang mung nyritakake ('dheweke' ing crita). Seting gegayutan karo papan lan wektune, crita iku kedadeane ana ngendi lan kapan kalakone. Dene amanat iku magepokan karo wulangan/tuladha/tuntunan kang dikandhut utawa diemot ing crita iku.

B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks crita cekak lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

     Amanat iku wujude gagasan utawa gagasane pangripta/pangarang kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca. Amanat-amanat iku biasane gegayutan karo niyat utawa pitutur becik, upamane bab katresnan kalebu tresna marang sasamane, tresna bangsa, tresna budaya, lan sapunggale. Saliyane iku amanat uga ana kang gegayutan karo pangibadah utawa ketuhanan (religius), setya marang negara (patriotisme), pendhidhikan, kabudayan, lan sapanunggalane. 

C. Nulis sinopsis crita cekak nggunakake ragam basa kang jumbuh/cocog karo konteks lan pranatan/aturan

     Sinopsis iku ringkesan isine crita, kalebu crita cekak. urutan lan basane sinopsis ora kudu padha karo basa ing crita. Sing baku, nalika nulis sinopsis paraga, watak, wose (intine) crita ora kena beda karo sumbere, yaiku crita kang digawe sinopsis. Nadyan mengkono, urutan anggone nulis sinopsis ora kudu padha karo urutan ing crita iku. Gampange rembug, sinopsis iku padha karo nyritakake maneh nganggo basamu dhewe.

D. Naliti sinopsis crita cekak gegayutan karo jumbuhe karo konteks lan pranata

     Naliti sinopsis ing kene mengku karep, kanca padha kanca (sameja upamane) padha bebarengan bijen-bijenan (saling menilai) sinopsis garapane. Kegiatan kaya ngene iki umume diarani njlimeti utawa menyunting. Ing kegiatan njlimeti iki kang dijlimeti/disunting bisa aksarane, rutute ukara, utawa tandha wacane. Prekara telu iku mau upama ana kang kleru ya dibenerake perangan kang kurang ditambahi, lan perangan kang keladuk ya kudu disuda. isine crita ora perlu dibenerake, amarga iku hake panganggit/pengarang kang sipate merdika (bebas) mekarake gagasan. kamerdikan sajrone ngudhal gagasan iku, ing jagade kasusastran diarani lisensia poetika.


Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA

13 komentar: